Lirik Lagu SAGITA

Lirik: DENPASAR - ARJOSARI

Tanggal 30 Oktober dek wingi
SMS mu isih ono’ HP iki
Tak simpen ono njero folder pribadi
Trus tak woco saben awan saben bengi


Soko terminal Arjosari (Arjosari..)
Kowe pamit budhal neng Bali (neng Bali..)
Emboh Denpasar embuh ngendi (Pasar Sapi..)
Emboh Kecantol rondho Australi


Nanging saiki kok ngajak bubar
Opo kowe kepincut cowek Denpasar
Keputusanmu bulat tekatmu
Mung pandunganku padhango dalanmu


Sing penting aku uwes tau ngrasakke
Yen ngajak pisah aku mung manut wae
Joko dudo sekarang akeh tunggale
Pilih Ketut, opo Wayan opo Made
Ora joko ora dudo
Aku ngerti kowe sopo
Ora prawan ora rondho
Karo aku ora podho


Aku wes mbok wanti-wanti
Ojo nganti aku lali
Tapi engkau lupa diri
Cintaku kau khianati


Timbang Mikir kowe penak turu wae
Sopo ngerti aku ngimpi pethuk kowe
Njrone ngimpi terus kowe tak jak "ngene"
Yen ra gelem penak dipekso wae….




Lirik: LANGIT MENDUNG KUTHO NGAWI

Dalan ikiy mbiyen nate tak liwati
Nalikane langit mendung kutho ngawi
Sendang glagah wes kinurip jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili


Roso nglangut yen katon-pan tanpo pagut
Katresnanku rinenggut purpaneng pesthi




Lirik: LAYANG KANGEN

Layangmu tak tompo wingi kui
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku


Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Wong bagus tak enteni tekoku


Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sopa wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sak wetara pengen weruh


Percayo aku kuatno atimu
Wong bagus tak enteni tekoku


Lirik: LILO

Opo wis ora kelingan sumpah janjimu mung marang aku
Sineksen lintang rembulan
Jarene tresnamu mung kanggo aku
Wis nganti telung ketigo nanging sliramu ora kirim warto
Bareng saiki wes teko kowe malah nggandeng prawan liyo
Ora nyono ora ngiro
Kowe medhot taline asmoro
Tresnaku kang tulus suci
Ra mbok jogo malah kok blenjani
Opo pancen wes nasibku
Kudu pisah karo sliramu
Nanging abot jroning ati
Mergo aku ra melu nduweni


Lilo atiku wes lilo
Nadyan batinku keloro-loro
Nanging aku ra kuwowo
Mergo aku wes ke bacut tresno


Lirik: LINGSO TRESNO

Sindhap sing ono rambutku iki
Isih biso tak kramasi
Nanging yen ngramasi loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti


Lingso sing ono rambutku iki
Isih biso tak petani
Nanging yen metani loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti


Endahe ombak segoro Parangtritis sakidule Yogjo
Eling aku tansah eling
Senajan kowe ra eling


Lirik: MBAH MARIDJAN

Siapa yang tidak mengenalnya
Seorang lelaki suku Jawa
Penakluk gunung yang berbahaya
Urung meletus karena doanya
Dikenal tak hanya Indonesia
Juga dikenal manca negara
Lelaki yang perkasa
Lugu dan bersahaja
Mbah Maridjan itu namanya


Mbah Maridjan tokoh pemberani
Mbah Maridjan tokoh disegani
Sebagai juru kunci
Banyak yang menjuluki
Semelekete Gunung Merapi


Mbah Maridjan rosa-rosa
Mbah Maridjan rosa-rosa
Mbah Maridjan pancen rosa




Lirik: NGAMEN 1

Dino iki mujur tenan
Aku ngamen nang njero bis-bisan
Penumpange longgar tenan sopire gal-ugalan
Aku tibo jempalikan neng pojok’an


Arek ayu klambi abang
Cukuran lanang semiran abang
Alise nanggal sepisan,
idhepe pasangan sayang untune batik’an, kopi lambada
Iku mono ra sepiro mas, ibarat aku duwe konco
Lagak e koyok jutawan ngalor ngidul nggowo Koran
Tibakno gendheng anyaran, ditabok setan
Iku mono ra sepiro, ibarat aku duwe tonggo
Arek’e ayu temenan jarang metu nang embongan
Tibakno meteng rong wulan, merek ojek’an


Uger gawene gerbongan iku julukane
Lanangane lemu lemu digoyang ngguya-ngguyu, alamak
Digoyang ngguya-ngguyu




Lirik: NGAMEN 2

Mak iki anakmu prawan
Wiwit mbiyen ono ing perantauan
Eling ngiwangi neng kantin sekolahan
Telung sasi mak aku urung bayaran


Mak dongamu mandi tenan
Diijabahi marang gusti pengeran
Koyo ngene rasane wong ora nduwe
Nduwe pisan di ece karo kancane


Eling-eling manungso bakale mati
Yen wes mati di kubur sanak family
Dipendhem jero diapit bumi
Ono kubur iku akeh pandoso
Ulo klabang kolojengking podo moro
Ono setan membo-membo dadi prawan
Benno krasan yen ono kuburan


Neng akhirat ora ono montor liwat
Neng akhirat ora ono sego berkat
Neng akhirat ora ono mejo biliard
Onone godone moloikat


Sak sugi- sugih’e uwong mesti ono mlarate
Sak mlarat-mlarat’ e uwong mesti ono celengane
Mangkane golek bojo ojo mandeng rupo
Rupo elek kuwi yow ora dadi ngopo
Mangkane golek bojo ojo mandeng bondho
Seng penting, ora ngenteni warisan moro tuwo


Kowe pancen keren le, koyok bekas pacarku mbiyen
Eman-eman tenan, kerenmu mung kanggo obralan
Obral-obral janji le durung mesti uripmu mulyo
Mulo aku wes kondho, melu aku urip nang ndeso
Ngewangi nggawe boto, menek klopo nyeblok bongko




Lirik: NGAMEN 3

Kusambut pagi hari
Bersama sang surya pagi
Akankah terus begini kehidupan ini


Waktu yang terus berganti
Ajak’ku tuk bangkit lagi
Jalanan yang selalu menanti ajak ku kembali


Ku kan datang dengan penuh harapan
ku kan merendah hari esok lagi


Hari esok yang kan datang
Akankah jadi arti hidupku
Jalanan yang selalu menanti ajakku kembali


Jalanan kau kan selalu terkenang
Sagita yang takkan terlupakan
Ku kan datang dengan penuh harapan
Ku kan merenda hari esok lagi


Lirik: NGAMEN 4


Aku pancen wong ra nduwe
Jare simbok aku sing ayu dhewe
Ijasahku SMP pengalam ora nduwe
Paling penak rabi wae


Aku rabi aku kenal cowok
Kenal cowok irunge rodok sempok
Setengah tuwo iki awak lagi bosok
Ra oleh dhuwek soko simbok
Pengen nyambel ra nduwe lombok.. bosok


Kamu cakep bikin aku penasaran,oya...
Kayak artis yang turun dari sedan
Aku pusing karena selalu mikirin
Ku bawakan dhukun dari Magetan
Magetan ora mempan
Ke dhukun Jombang
Dukun jombang ora mempan
Ke dhukun Ngawi
Dhukun Ngawi soyo edan
Aku bunuh diri


Mangan duren sak kulite
Menek tower sak nyeblok’e
Enek bocah nggantheng dhewe
Gowo rene tak rabine


Pertamanya aku nggak mengerti
Kenapa di tangkap pak polisi
Di gebukin setengah mati
Di suruh ngakuin barang bukti
Masalahnya hanya narkotika
Heroin putow dan sabu-sabu
Wajahku di potret wartawan
Sehingga photoku masuk koran


Jangan bung jangan,menghisab sabu larangan agama
Jangan bung jangan membajak lagu membajak lagu larangan negara